Legenda / Dongeng Maling Kentiri | Bahasa Jawa

By On Friday, October 25th, 2013 Categories : Cerita

Legenda / Dongeng Maling Kentiri | Bahasa Jawa – Salah sawijine carita kang kawentar kang ana ing Blora yaiku carita Maling Kentiri. Maling Kentiri iku maling kang senengane ngrewangi wong sing mlarat utawa ora duwe. Maling Kentiri iku uga kasebat Maling Aguna yaiku maling kang sekti mandraguna.

Caritane Maling Kentiri yaiku, kacarita ana anak lanang jenenge Kentiri, putrane Kyai Ageng Pancuran gandrung marang Dewi Sirep, putrane Mbok Randha Sugati saka desa Sapetik, Sulang, Rembang. Amarga iku Kyai Ageng Pancuran njaluk tulung marang sedulure, Jarunan, supaya nglamar Dewi Sirep kanggo Kentiri. Kang gandrung marang Dewi Sirep ora mung Kentiri ananging uga Jaka Selakan, putrane Kyai Ngusman saka Balun, Cepu, Blora. Jaka Selakan uga nglamar Dewi Sirep. Anggone Kentiri nglamar luwih dhisik tinimbang Jaka Selakan ananging sing ditampa Mbok Randha Sugati iku lamarane Jaka Selakan. Ngerti kaya mengkono Kentiri dadi ngamuk karo Jaka Selakan.

Ing sawijine dina, Kentiri nyegat Jaka Selakan ing kali Modang kang ana ing sisih wetane Cepu. Kekarone terus padha padu. Jaka Selakan kalah terus dipateni Kentiri. Panggonanae Jaka Selakan pejah terus kasebat kalimati. Sawise Jaka selakan kalah, Kentiri terus mara menyang omahe Mbok Randha Sugati supaya Dewi Sirep gelem nampa lamarane maneh. Dewi Sirep gelem didadekake bojo Kentiri yen dheweke nyagohi apa-apa wae sing dikarepake Dewi Sirep. Tanpa dipikir maneh Kentiri terus nyagohi panjaluke Dewi Sirep, yaiku adus ana ing Sendhangkara ing Tuban, duwe Bendhe Becak, Bendhe Singabarong lan Bendhe Kencana.

Barang kang dadi panjaluke Dewi Sirep iku sejatine ana kang nduweni. Kayata Bendhe Becak iku kang nduweni Mbok Randha Suli, Tuban. Mbok Randha Suli iku tani kang sregep, dheweke duwe anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Ngerteni yen Mbok Randha duwe Bendhe Becak, Kentiri terus lunga menyang omahe Mbok Randha nyilih Bendhe Becak. Mbok Randha kandha yen dheweke ora duwe sing dikarepake Kentiri, sing diduweni mung anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Kentiri ora pracaya, Kentiri terus padu karo Jaka Becak. Jaka Becak kalah terus pejah, ora let suwe Jaka Becak malih wujudipun dadi Bendhe Becak.

Barang liyane Bendhe Becak yaiku Bendhe Singabarong lan Bendhe Kencana, duweke Mbok Hira lan Bupati Semarang, Ranggayuda. Kang paling angel diduweni Kentiri yaiku Bendhe Kencana. Kentiri ngerti yen Bupati Semarang duwe Bendhe kuwi mula Kentiri terus lunga menyang Semarang nyolong Bendhe Kencana. Dina iku apese Kentiri, sadurunge bisa njupuk Bendhe Kencana dheweke diweruhi wong liya. Kentiri mlayu lan dioyak-oyak karo punggawa Bupati Semarang. Anggone Kentiri mlayu rada adoh, dheweke terus ndelik ana ing kutha Blora. Sawise kedadeyan iku Kentiri terus kasebat Maling Kentiri amarga tumindake ing sabendinaneing kutha Blora mung nyolong wae. Kentiri iku maling, ananging anggone maling iku kanggo wong desa. Maling Kentiri iku satriya kanggone wong desa amarga apa-apa kang kasil saka maling diwenehake marang wong sing ora duwe utawa kekirangan.

Rikala Kentiri dioyak nganti tekan Blora, dheweke akeh nglairake jeneng-jeneng desa kang ana ing Blora, yaiku wose panggonan sing tau ditekani karo Maling Kentiri. Tuladhane jenenge desa Jepon, yaiku kacarita kaya mangkene: Kentiri nerusake lakune karo andum pangan. Amarga berase wis entek lan kari cumpon (pas-pasan) Kentiri terus kandha “Mbesuk yen ana rejane jaman tak jenakna karan Desa Jepon amarga berase arep dakdum wis kari sithik, tegese wis cumpon.” Tuladha liyane yaiku jenenge desa Dhungkluwih, yaiku kacarita kaya mangkene: Kentiri nerusake lakune maneh terus leren ana ing pinggir kali, leren ngliwet, isih meksa weruh wong. Kentiri terus kandha “Pinggir kali iki ana kedhunge lan ana wite kluwih, besuk yen ana rejane jaman tak jenakna desa Dhungkluwih. Ukara mbesuk yen ana rejane jaman asring dienggo wong kanggo nglairake jeneng-jeneng panggonan utawa desa.

Sawise Kentiri jeleh anggone nyolong, dheweke terus tobat lan lunga maguru marang Sunan Ngerang ing Semarang. Dheweke janji yen ora bakal maling maneh lan bakal nglakokake tumindak kang apik lan sregep anggone ngibadah. Maling Kentiri miturut kapercayan wong desa, Maling iku isa mlebu menyang omahe wong liwat cahya lampu kang metu saka bolongan ngomah kang digawe saka kayu utawa pring.

Oleh: Ria Gesti ‘05