Legenda / Dongeng Jare Neng Pekalongan Ora Ana Kebo Lanang | Bahasa Jawa

By On Friday, October 25th, 2013 Categories : Cerita

Legenda / Dongeng Jare Neng Pekalongan Ora Ana Kebo Lanang | Bahasa Jawa – Dek biyen neng kampung nelayan desa Sigeseng ing Pekalongan, ana petapa kang sakti mandra guna. Jenenge Ki Sadipo, dheweke wis misuwur ahli nggawe prau. Ki Sadipo nduwe anak lanang jenenge Joko Danu kang padha-padha saktine. Wiwit cilik Joko Danu dilatih karo Ki Sadipo, kanthi padha saktine kaya bapake. Saknajan sakti Joko Danu diwejangi yen kesaktian mau ora kena dipamerake.

”Jaka, saiki kowe wis gedhe, kesaktianmu wis sampurna. Nanging kowe kudu eling kabeh mau ora perlu dipamerake uripa kaya wong lumrahe kaya masyarakat kene.” Ki Sadipo menehi wejangan kanggo anake.

“Inggih bapa, kula mangertos. Sakmenika kula badhe urip limrah kados masyarakat mriki”

Sakwijining dina, ki Sadipo oleh pesenan prau saka Raja Galuh. Raja kepingin banget nduwe prau gaweane Ki Sadipo. Krungu kabar mau Ki Sadipo bungah banget. Dheweke banjur ngumpulake murid-muride.

“Murid-muridku, aku mau oleh pesenan prau saka Raja Galuh. Sesuk esuk-esuk bareng-bareng golek kayu ing alas kana.”

“Inggih guru, ngenjing saderenge fajar kita sedanten menyang alas. Saniki kula kaliyan rencang-rencang badhe nyiapaken pirantinipun,” kandane Basuki murid sing paling tuwa lan dipercaya dening Ki Sadipo

“Ya wis kana, sesuk tak enteni ning prapatan desa.”

Esuk-esuk murid-muride wis ngenteni ning prapatan.

“Wah, wis teka kabeh ya? Ayo langsung mangkat wae saiki,” direwangi muride Ki Sadipo nggolek kayu neng alas. Sakwise tekan alas muride padha mencar golek kayu sing apik.

Sasuwene anggone golek ora ana kayu kang dikarepake. Banjur Ki Sadipo ngakon muride leren dhisik karo mangan sing mau digawa. “Padha ngaso disik kene karo padha mangan, during padha sarapan ta mau?”

Banjur murid-muride padha kumpul ing ngisor wit pada lungguh neng suket.

“Lha Basuki neng ngendi kok ora ketok?”, pitakone Ki Sadipo marang muride.

“Ngapunten guru, kadosipun taksih madosi kayu wau liwat sisih wetan,” wangsulane muride.

“Tak golekane disik, kowe kabeh ngenteni kene.”

Banjur Ki Sadipo lunga nggoleki muride, ing dalan dheweke nemu kayu kang apik lan gedhe banget. Wektu dheweke isih ndelokake kayu mau saka kadohan ana suwarane muride ngundang dheweke.

“Guru…!”, jebule Basuki.

“Aku nggoleki kowe mau, iki Bas aku wis nemu kayu kanggo gawe prau. Apik tenan ta?”

“Nggih…, sae tenan!” wangsulane Basuki kang mlongo weruh wit kang gedhe banget ana ing ngarepe.

“Heh…, malah nglamun, kana undangen kanca-kancamu langsung ditegor wae!” Prentahe gurune marang Basuki.

Basuki lunga marani kancane, banjur bebarengan tumuju ing wetan. Tekan kana langsung bareng-bareng nebang kayu. Sakwise ditebang karepe arep langsung digawa bali maring ndesa. Nanging saking gedhene, Ki Sadipo karo murid-muride ora kuwat nggotong kayu mau.

“Guru kajengipun abot sanget kadosipun mboten bakal kiyat menawi digotong tiyang wolu.”

“Iya, pie yen njaluk tulung marang warga wae, kowe padha jaga ana kene aku tak mulih dhisik.”

Ki Sadipo banjur bali menyang desa neng alas mung ana murid-muride. Sakwise metu alas dheweke langsung ngumpulake warga.

“Bapak-bapak, anggonku ngumpulake sampeyan neng kene aku arep njaluk tulung kanggo nggotong kayu saka alas. Kayune gedhe banget aku lan murid-muridku ora kuwat nggotong.”

Sakwise para warga wis nyaguhi, Ki Sadipo lan rombongan bareng-bareng menyang alas arep gotongan.

Tekan alas Ki Sadepo kaget lan kayune wis ora ana, salah sijine warga takon, “endi ki kayu kang arep digotong, apa durung ditebang?” Ki sadepo bingung olehe mangsuli “Mau ana ning kene saiki ora ana.”

Weruh gurune kang lagi bingung banjur muride marani, “ngapunten guru, kala wau kajengipun sampun dipun betha kalih jaka danu piyambakan.” Krungu kahanan mau Ki Sadepo murka. Dheweke krasa dientengake anake. Jaka Danu dianggep sengaja pamer kesaktian ing ngarepe murid-muride. Sakjane Ki Sadepo uga bisa nggotong kayu dhewe, nanging dheweke luwih milih njaluk tulung warga. Ki Sadepo mung ora kepengin pamer kasaktiyan neng ngarepe wong akeh. Ki Sadipo njaluk ngapura karo warga kang wis adoh-adoh teka neng alas nanging kayune malah wis ora ana. Ki Sadepo karo rombongan banjur bali ning kampung.

Neng tengah dalan dheweke pethukan karo Joko danu.

“Bapa, kayune sampun kula bekta wangsul,” kandhane Jaka Danu.

Banjur Ki Sadepo isih murka banjur mangsuli, “anaku kowe kuwat banget bisa nggawa kayu mau, pancen kowe perkasa kaya kebo.”

Dumadakan putrane malih dadi kebo. Weruh kahanan mau warga lan muride kaget banget, nanging ora bisa apa-apa mung ndelokake Jaka danu kang malih kaya siluman. Petapa mau banjur ngakon kebo Danu lungo menyang alas.

“Danu kowe lancang nyepeleake pamelinge bapakmu, saiki lunga saka papan kene. Uripa neng alas kono!”

Ngapunten Bapa, kula mboten….”

Durung rampung ngomong Ki Sadipo langsung nyela, “kowe wis lali marang pamelingku, aku ora bisa apa-apa. Saiki kowe kudu lunga saka kene!”

Sakjane Joko Danu abot ninggalake bapake nanging dheweke tetep lungo kanggo nebus kesalahane. Dheweke gelo banget, yen mau dheweke ngomong disik mesthi ora bakal dadi koyo ngene. Joko Danu wis lali pamelinge bapake, saknajan dheweke sakti kudune ora perlu mamerake kesaktiane.

Kuwi sebabe tekan saiki ora ana kebo lanang neng desa Sigeseng, yen ana mesti bakal dadi mangsane kebo Danu. Nanging kebo-kebo wedok ing dhaerah kono tetep bisa manak amarga ana kebo siluman yaiku kebo Danu. Anak kebo sing lanang ugo dipangan karo kebo siluman mau.

Oleh: Wahyu Arfina ‘05