Legenda / Dongeng Asal Mulane Kutha Pekalongan | Bahasa Jawa

By On Friday, October 25th, 2013 Categories : Cerita

Legenda / Dongeng Asal Mulane Kutha Pekalongan | Bahasa Jawa – Ing jaman biyen pesisir laut jawa sisih lor ana kampung cilik sing rakyate urip tentrem, terus ketekan bangsa dhedhemit sing seneng ngganggu, wong-wong ing kampung mau padha pindhah. Bareng ditinggal lunga kampung mau malih dadi alas gung liwang-liwung.

Ora ana jalma manungsa sing wani liwat, amarga ing kono anane mung kewan-kewan galak. Kayata celeng, asu, ula, macan, munyuk, lan liya-liyane. Alas mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong sing liwat ing sakiwa tengene alas diweruhi yen alas utawa kara mau kutha gedhe ya ana pasare, ana perkampungane, lan ana pabrike sing akeh karyawane kaya ing donya iki.

Salah sawijining dina ana pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan sing besuke yen ana rejaning jaman mangku omah saanak putune. Papan kepenak iku ana ing sakiwa tengene alas gung liwang-liwung. Alas mau diarani alas Gambiran, merga ana wit gambir sing dhoyong ing pinggir kali gedhe lan umure wis tuwa nganti oyote wae tekan pertapane Ki Ageng Cempaluk ing Kesesi.
Pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan utawa pertapan mau ora liya yaiku putrane Ki Ageng Cempaluk Kesesi sing aran Ki Baureksa. Miturut critane wong pinter sing manggon ing cedhake alas, aja wani-wani babad alas Gambiran amarga ing kono ana ratuning lelembut sing ora seneng yen panguasane diganggu utawa dirusak sing wani mbabad alas bakal mati. Nanging Ki Bahureksa tetep kepingin mbukak pertapan ing alas Gambiran.

Kanggo mujudake tujuwane Ki Baureksa kudu ngadhepi bangsane lelembut ing alas iku. Kamangka Ratuning lelembut ing alas iku Dewi Lanjar sing ora liya mantune Nyi Lara Kidul sing kondhang dadi ratuning laut kidul. Nalika Ki Bahureksa wiwit babad alas, ana wadya bala lelembut sing laporan karo Dewi Lanjar. Krungu laporan mau Dewi Lanjar ora trima, dheweke banjur ngongkon wadyabalane ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa wadyabalane Dewi Lanjar terus ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa kanthi cara njelma dadi ula meden-medeni Ki Bahureksa.

Ki Bahureksa ora sanggup ngadhepi wadyabala lelembut mau amarga Ki Bahureksa ora ngerti carane ngusir lelembut sing ora katon . Dheweke bingung kaya wong edan ing jero atine mung mikir piye carane ucul saka gangguan mau, Ki Bahureksa banjur bali menyang Kesesi. Para lelembut banjur bali menyang kraton tugase wis rampung, bisa ngusir Ki Bahureksa saka Alas Gambiran.

Sawise tekan Kesesi ki Bahureksa nemoni Ki Ageng Cempaluk lan nyritakake kahanan sing wis kadaden. Krungu critane putrane Ki Ageng Cempaluk banjur semedi, ing semedine Ki Ageng Cempaluk entuk wangsit sing munine yen pengin ketemu karo Dewi Lanjar kudu tapa kalong ing wit gambir sing ana ing alas Gambiran.

Wangsite mau banjur dikandhakake karo ki Bahureksa. Krungu pituture bapake Ki bahureksa banjur mangkat maneh menyang alas Gambiran lan langsung tapa kalong. Jalaran saka tapa kalong iku Ki Baureksa sukmane bisa ketemu karo Dewi Lanjar. Ing kono Ki Baureksa njlentrehake niate nanging Dewi Lanjar ora ngentuke yen diuthik panguwasane.

Ing kono Ki Bahureksa banjur perang karo Dewi Lanjar, perang mau dadi perang sing gedhe amarga loro-lorone padha sektine. Kanthi kapitayane Ki Baureksa sing kulina tapabrata lan olah kanuragan tur dhasare putrane Pandhita kejawen nekad tapa kalong ing wit gambir iku.

Merga tekate Ki Baureksa wis manteb dheweke bisa nandhingi kapitayane Dewi Lanjar, Ing kono Dewi Lanjar ngakoni yen dheweke kalah pungkasane Dewi Lanjar ngijini Ki Bahureksa mbukak alas Gambiran kanggo papan pertapan lan dununge anak putune Ki Baureksa, nanging Ki Bahureksa kudu gelem dadi bojone Dewi Lanjar, Ki Bahureksa nyaguhi sarat mau. Papan sing dienggo tapa ngalong mau banjur didadekake desa Pekalongan saka tembung kalong.

Nanging ana wadya bala sak bangsa lelembut sing ora trima marang keputusan mau lelembut mau jenenge Kala Warti. Kala Warti banjur gelut karo Ki Bahureksa, Ki Bahureksa sing ora siap kalah ngadhepi amukane Kala Warti amarga rumangsa wis kepepet Ki Bahureksa banjur mlayu saka kono nanging Kala Warti isih ngoyak terus, untunge Ki Ageng Cempaluk teka lan ngewangi Ki Bahureksa ngadhepi Kala Warti. Kanthi kasektene Ki Ageng Cempaluk, Kala Warti kasil dikalahake lan dipateni.

Sawise kadaden mau Ki Bahureksa banjur kawin karo Dewi Lanjar ing pesisir wong-wong nganankake sukuran amarga Ki Bahureksa kasil mbukak alas Gambiran kanggo perkampungan.

Saya suwe desa mau saya rame akeh wong padha teka numpak prau layar, prau-prau mau padha ngranjing ing pinggiring pantai, banjur papan mau diarani pelabuhan Boom. Wong sing teka umume para pedhagang saka Tiongkok. Nanging karo Ki Baureksa mung diijini dagang ing Pekalongan sisih lor orakena ngidul. Seprene para among dagang keturunan Tiongkok akeh manggon ing sisi lor. Rikala semana Ki Baureksa lakune saka lor selot ngidul mengko dadine kutha manut lakune Ki Baureksa saka lor tekan kidul.

Oleh: MAMAS ROBIN ‘05