Legenda / Dongeng Asal Mulane Desa Klidang Lan Lombane | Bahasa Jawa

By On Friday, October 25th, 2013 Categories : Cerita

Legenda / Dongeng Asal Mulane Desa Klidang Lan Lombane | Bahasa Jawa – Miturut critane wong tuwa biyene wong-wong sing manggon ing sakiwa tengene Kali Kramat padha pindhah saka kono amarga wedi karo raja lelembut sing mbahureksa ing kali mau. Banjur ana jejaka sing jenenge Jaka Bahu, dheweke salah sajining senopati Mataram putrane Ki Ageng Cempaluk saka Kesesi. Nalika iku dheweke arep babad alas Roban sing saiki melu Kabupaten Batang. Anggone dheweke babad alas mau amarga diutus dening Sultan Agung. Jaka Bahu kudu mangkat mbendung Kali Kramat kanggo ngileni pategalan sing ana ing sakiwa tengene kali, nanging ing kono ana sing mbahureksa yaiku raja lelembut sing arane Uling Kala Drubiksa.

Wong-wong ing sakiwa tengene kali ora ana sing wani mbendung kali Kramat amarga Kala Drubiksa ora gelem yen panggonane dirusak, sing ngrusak mesti mati. Ing kono pancen wis kondhang yen Kala Drubiksa kuwi raja lelembut kang ora nduweni trapsila, kabeh tumindake mujudake tumindak kang ora becik. Seneng gawe geger tumrap uripe manungsa. Krungu critane wong sing manggon ing cedhake kali ora gawe wedine Jaka Bahu, Dheweke tetep arep mbendung kali kramat. Ing kratone ana salah siji prajurit sing laporan karo Kala Drubiksa menawa ana salah siji jejaka kang gawe ontran-ontran ing kuta raja amarga wani mbendung Kali Kramat. Kala Drubiksa durung percaya, kanggo nggenahake kabar mau dheweke kongkonan prajurit liyane kanggo mastekake yen kabar mau bener.

Ora let suwe prajurite mau teka lan nglaporake yen pancen ana jejaka sing lagi mbendung kali. Kala Drubiksa kang pancen beda alam karo Jaka Bahu ora trima yen panggonane diorak-arik dheweke banjur ngongkon prajurite ngendhegake pagaweyane Si Jaka Bahu. . Para prajurite dikumpulake ing alun-alun diwenehi cara kanggo ngendhegage Jaka Bahu. Kala Drubiksa ngongkon prajurite meden-medeni Jaka Bahu, prajurite dikongkon malih rupa dadi ula-ula gedhe. Prajurite banjur padha mangkat menyang panggonane Jaka Bahu.

Jaka Bahu kang lagi gawe bendungan sanalika kaget weruh ula gedhe-gedhe mau, ana salah sijine ula sing kandha marang Jaka Bahu, kandhane yen Jaka Bahu pingin mbendung Kali Kramat kudu nyemplung dhisik ing tengahing puseran kali mau. Jaka Bahu banjur nuruti kandhane ula mau, dheweke banjur nyemplung ing Kali Kramat. Ing jero puseran jebule ora ana apa-apa, ing kono Jaka Bahu lagi eling yen dheweke diapusi. Dheweke kepingin metu saka jero kali nanging angel amarga ula-ula gedhe mau nggubet awake. Kanthi kasektene Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane ula mau lan mlumpat saka kali. Nanging tetep dioyak dening ula-ula mau ing pinggir kali ula-ula mau padha nlgawan nanging bisa dikalahake dening Jaka Bahu.

Mundure para prajurite saya gawe abange kuping Si Kala Drubiksa. Kala Drubiksa ora trima banjur menyat lan tandhang dhewe ngadhepi Jaka Bahu. Perange Jaka Bahu karo Kala Drubiksa dadi prang sing gedhe. Wong loro padha sektine. Ananging amerga Jaka Bahu wis entek tenagane Jaka Bahu kalah, Jaka Bahu bisa dicekel dene Drubiksa kanthi digubet nganggo buntute. Ora kalah pokal lan akal tenaga kang wis kari sithik digunakake kanggo bisa ucul, akhire Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane Kla Drubiksa. Jaka Bahu banjur mlayu golek papan kanggo umpetan mulihake tenagane.

Kala Drubiksa sakprajurite ngoyak jaka Bahu nanging ora kecekel amarga Jaka Bahu ndhelik Ana ing papan pandhelikane, Jaka Bahu mikir piye carane mateni Kala Drubiksa. Dheweke banjur semedi, ing semedine ketemu karo adhine Kala Drubiksa sing aran Drubiksawati. Kang pancen papan pandhelikane mau mujudake kaputrene Drubiksawati. Saka panyawange Drubiksawati, banjur thukul rasa tresna tumrap Jaka Bahu ing kono Jaka Bahu ditambani larane. Drubiksawati nyedhaki Jaka lan kandha menawa dheweke tresna marang Jaka Bahu. Ngerti sing ngomong iku adhine Kala Drubiksa, mula Jaka Bahu akal dheweketakon karo Drubiksawati carane mateni Kala Drubiksa. Jaka Bahu banjur njaluk tulung marang Drubiksawati nggolekake wadine utawa kalemahane Si Kala Drubiksa.

Drubiksawati nyaguhi nanging ana sarat sing kudu dilakoni sarate yaiku Jaka Bahu kudu gelem nrima katresnane Drubiksawati lan ora entuk mateni Kala Drubiksa. Jaka Bahu uga nyaguhi sarate Drubiksawati..

Jaka Bahu banjur dicolongake pedhang Swedang kang dadi sumber kasektene Kala Drubiksa. Sakwise entuk pedhang mau Jaka Bahu banjur mangkat maneh nggoleki Kala Drubiksa, ngrampungake perange nglawan Kala Drubiksa. Sawise ketemu banjur perang maneh lan bener, kanthi pedhang mau Kala Drubiksa tenan kasil bisa dikalahake. Kala Drubiksa terus mlayu nganti tekan lor alas Roban.

Ora mandheg tekan semono lelakone Jaka Bahu kanggo gawe kapoke Kala Drubiksa. Jaka Bahu ngoyak Kala Drubiksa nganti kecekel, akhire banjur kecekel lan kadaden rundhingan utawa prajanjen antarane wong loro mau ing kali kramat. Ing kono Kala Drubiksa ngakoni yen kalah lan gelem ngabdi dadi kongkonane Jaka Bahu, Kala Drubiksa lan Jaka Bahu banjur bali menyang Kali kramat ngrampungake mbendung Kali Kramat.

Sawise tekan kali kramat Jaka Bahu kongkonan karo Kala Drubiksa sakprajurite ngrewangi mbendung kali, nanging Kala Drubiksa ngingkari janjine Dheweke ora gelem ngrewangi. Jaka Bahu banjur perang maneh Kala Drubiksa kalah maneh lan njaluk rundhingan maneh ing pinggiring kali kang nikung. Asile rundhingan mau, yaiku Kala Drubiksa ora bakal ngganggu maneh uripe manungsa. Nanging Kala Drubiksa entuk njupuk jatah kanggo urip saka manungsa, ananging sithik lan ora entuk ana kang mangerteni. Kajaba kuwi dheweke uga diwenehi panggonan ing Alas Roban sisih lor kanggo papan uripe.

Saka kasile Jaka Bahu ngalahake raja lelembut mau, mula para warga padha gawe slametan utawa sukuran. Sukuran kang gedhe merga bisa ngalahake Kala Drubiksa lan sukuran amarga Dewi Drubiksawati dipekbojo dening Jaka Bahu. Dene wong-wong mengeti sukuran mau kanthi Lulumban. Mula saiki dadi salah sawijining uapaca sakral Lomban ing tlatah kana. Sawise lelumban Jaka bahu banjur nyelehake pedhang Swedang ing pinggiring kali kang nikung, papan kanggo ngglethakake Pedhang mau diarani desa Klidang. Amarga asale saka Pedhang Swedang karo Kali Kramat.

Oleh: F. Agustia ‘05