Dongeng / Legenda Ratu Kalinyamat | Bahasa Jawa

By On Friday, October 25th, 2013 Categories : Cerita

Dongeng / Legenda Ratu Kalinyamat – Habib Ahmad kang lair ing kota Hajren, Yaman taun 1255 H utawa taun 1836 M, iku sowan ing Indonesia yaiku ing kota Pekalongan. Dheweke nyawang kahanan kota Pekalongan kang isih mbutuhake dukungan Syari’at Islam, akhire dheweke netep manggon ing Pekalongan.

Habib Ahmad ing Pekalongan nindakake tugas dadi imam masjid Wakaf kang ana ing Jalan Surabaya Pekalongan. Saka ketekunan lan kepemimpinan Habib Ahmad, masjid iku dadi rame lan akeh jama’ahe, sahingga dheweke ngrenovasi masjid iku kanthi nyukupi kebutuhan masyarakat Pekalongan. Istimewane Habib Ahmad yaiku apal Al Quran 30 juz kanthi lancar lan apik.

Habib Ahmad iyo ndirikake Madrasah Salafiyah kang ana ing sebelahe masjid Wakaf mau. Saking pesate majune Madrasah Salafiyah mau, akeh alumni kang dadi ulama lan tokoh masyarakat. Madrasah Salafiyah iku saiki dadi perintis sekolah-sekolah Islam kang berkembang apik ing Pekalongan.

Ing sawijining dina, Habib Ahmad ketemu wanita kang durung ngerti Ihwal Habib. Wanita iku ora nganggo jilbab, Habib Ahmad langsung mbenthak marang wanita iku ” Tutup sirahmu !”. Wanita iku nyawang Habib Ahmad karo bingung. Wanita iku dipenthung nganggo tongkate nganthi tatu. Habib Ahmad mung kepengin nindakake tugas agama lan tujuane supaya wanita iku nutup aurate. Nanging wanita iku nglaporake tindakane Habib Ahmad marang polisi. Polisine langsung ngongkon stafe supaya nekakake Habib Ahmad, nanging Habib Ahmad pra bisa teka. Polisi iku heran lan njaluk dituduhake Habib Ahmad saka kadohan.

Sawijining Habib Ahmad mlaku arep bali saka masjid Jami’ lan wis cedhak jarake saka polisi, polisi iku ngadheg ngalangi ing tengah ndhalan lan saben Habib nyedhaki polisi kuwi mundur memburi, akhire dilewati Habib Ahmad. Polisi iku langsung bali neng kantore lan crita karo stafe yen sejatine dheweke arep nangkep Habib nanging pas nyedhaki Habib, dheweke weruh singo loro ing sisih kanan kirine Habib Ahmad. Saka iku kang gawe dheweke wedhi lan meh wae mlayu. Polisi iku ngongkon wanita kuwi ngadu ing “Regent” kang kebeneran kenal karo Habib Ahmad cedhak. Sawise ngerti apa kang kedadean, dheweke ngundhang dhokter kanggo ngobati tatune wanita iku lan menehi sepuluh Golden saka sak’e dheweke lan ditrima wanita iku kanthi atine bungah.

Tindakane Habib Ahmad sok-sok nganthi nganggo tangan. Sanajan koyo kuwi, masyarakat ora tau ngadohi lan sewalike malah trisno lan kagum karo niat apike. Tindakane Habib Ahmad dilakokake kanthi ikhlas tanpa pamrih karo nindakake perintah Allah.
Masyarakat Pekalongan ngerti lan kenal Habib Ahmad iku wong kang Zahid ( ora seneng marang tindakan kemewahan duniawi ). Sering nolak hadiah kang ora jelas sapa kang menehi hadiah iku.

Habib Ahmad mbuka pengajian umum ing masjid, sakliyane mimpin sholat jama’ah lima wektu, nindakake wirid lan dzikir, sholat-sholat sunah kang utama sholat sunah rowatib kang ngiringi sholat fardhu. Amalane dheweke yaiku maca siji juz Al Quran ing njero sholat tahajud ing tengah wengi lan siji juz dilakokake pas wektu sholat sunah dhuha, nindakake puasa sunah kang dianjurake agama.

Ketekunan Habib Ahmad ing nindakake ibadah, keikhlasan lan kasih sayange karo wong akeh kang lemah sarta ketegasane ing nglakokake Amar Ma’ruf Nahi Munkar kang gawe Habib dadi idola masyarakat Pekalongan lan nyebar ing tengah wong akeh riwayat-riwayat kedadean luar biasa ( khowariqul Adah ) kang dikenal ” Karamah “.

Nyritakake karamah-karamah kuwi ing njero catetan iku gawe riwayat urip kang dirancang singkat iki. Riwayat iku dadi cerita rakyat kang akeh dituturake lisan saka wong akeh. Sebabe ing catetan iku ora perlu dituturake maneh. Cukup neng kene wae dituturake peristiwa-peristiwa luar biasa iku.

Habib Ahmad dikenal ” Habib Keramat ” ing tengah masyarakat Pekalongan. Kang akhir hayate Habib Ahmad ngalami patah tulang neng pangkal pupune, akibate saka tibo. Bab iku nyebabake dheweke dadi ora bisa mlaku. Awit kuwi Habib Ahmad ora nglakokake kegiatan ing njobo nanging ngalihake kegiatane ing omahe kaya sholat jama’ah lan pengajian. Penderitaane kuwi nganthi wafate ing malem ahad, 24 Rajab 1347 H utawa taun 1928 ing umur 92 taun. Dheweke dimakamke ing Pekuburan Sapuro Kotamadya Pekalongan. Nanging peringatan Haul ( ulang taun ) wafate saben tanggal 14 Sya’ban kang ditekani ewunan umat Islam, nganthi Habib-Habib liyane, para ulama lan pejabat pemerintah. Nganthi akeh kang padha teka saka luar negeri kaya saka Singapura, Malaysia, lan Timur Tengah. Amarga keagungane lan kesolihane, saben dina makame Habib Ahmad dikunjungi para peziarah saka luar kota Pekalongan.

Jenazah Habib Ahmad disholatake ing masjid Jami’ Pekalongan lan ditekani umat Islam nganthi madeti kota Pekalongan. Meh kabeh penduduk kota Pekalongan uga luar kota nguntabkake jenazahe Habib Ahmad ing panggonan terakhir. Durung tau ing kota Pekalongan ana pengantar jenazah kaya wafate Habib Ahmad iki.

Bisa dikandhakake yen dina kuwi yaiku dina jumat kelabu kanggo umat Islam Pekalongan khususe puluan ewu umat Islam tumplek-blek madeti masjid Jami’ Kauman Pekalongan, alun-alun, saka ndhalan masjid nganthi panggonan makam Sapuro sesak umat Islam kang pengin nguntabkake jenazah kang Mulia iku kanthi pasukan keamanan lalu lintas. Ing upacara pemakaman iku ditekani para ulama lan Habib saka kota, kaya Jakarta, Semarang, Surabaya, lan Bogor.

Makame Habib Ahmad nganthi saiki isih ana wujude lan mesthi ora tau sepi pengunjung. Sakliyane iku, ing njero tengah kampung Sapuro ana Mushola kang dipercaya warga Sapuro yen mushola iku peninggalane Habib Ahmad. Ing mushola iku rame dipercaya mitos, saben malem jumat kliwon kang akeh pengunjunge. Mushola iku rame amarga pengunjung padha wudhu lan sholat ing mushola kono. Sakliyane wudhu lan sholat uga padh adus ing tengah wengi amarga dipercaya banyu ing mushola iku bisa njangkepi kekarepan wong kang padha mampir ing mushola kono. Nanging iku gumanthung kepercayaane atine dhewe.

Oleh: Ira Wuri Sayekti ‘05